Rabu, 10 Agustus 2016

Belajar Ikhlas karo wong Samin.........




Cak Anang : kang, sampeyan ngasih duit ke si A ?
Samin : Iya
Cak Anang : sampeyan diapusi, dia itu kaya
Samin : ngapusi aku iku dudu urusanku. Kui urusane dekne karo Gustine

Cak Anang : Lho sendalmu endi, kang ? Kok cekeran ?
Samin : ilang
Cak Anang : ora mbok golek'i sopo sing nyolong ?
Samin : ora, aku biyen lahir yo ora sandalan

Cak Anang : kang, sampeyan dirasani karo si kae
Samin : ben wae
Cak Anang : sampeyan ora nesu
Samin : Lha saiki kowe yo ngrasani si kae, si kae yo ra nesu

Cak Anang : kang, pitikmu dipangan asune si kae
Samin : wes ben
Cak Anang : kok sampeyan biasa wae ? Ora njaluk ganti ?
Samin : aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si kae

Cak Anang : kang, wes mangan ?
Samin : Durung
Cak Anang : mreneo tak wenehi duit
Samin : wegah. aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit

Cak Anang : kang, tanduranmu rusak dipangan weduse pak kae
Samin : ben. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan , malah omahku sing dipangan

Cak Anang : kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul ora jelas?
Samin : Lha yo kui. Nek jelas , mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok

Cak Anang : kang, klambi sing mbok jemur dicolong uwong
Samin : ben. Wong salahku dewe, aku njemur klambi tak pamer2ke ning njobo

Cak Anang : kang, kok mlaku? Sapi sing biasa mbok tumpaki endi?
Samin : ilang
Cak Anang : kok malah ngguya ngguyu?
Samin : lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki

Cak Anang : kang, bayarane kae luweh gede timbang kowe, lho
Samin : Ben
Cak Anang : kan ora adil
Samin : adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to

Cakn Anang : kang, pelem-mu dicolong si kae
Samin : Ben
Cak Anang : kok ben ?
Samin : lha kowe kok iyik to? Biasane dicolong codot wae aku yo meneng wae

Cak Nang : kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
Samin : Iyo
Cak Nang : kok iyo ? Brarti sampeyan ngerti ?
Samin : ngerti. Tp aku mumet mergo isin ra duwe barang sing iso dimaling..

Semoga menginspirasi ....
Semua barang di dunia itu titipan Allah semata .....
Posted by MIKO On 23.54 No comments

0 komentar:

Posting Komentar

  • RSS
  • Delicious
  • Digg
  • Facebook
  • Twitter
  • Linkedin
  • Youtube

Blogger templates

    Blogger news

    OUR GUEST

    Blogroll

  • Slide 1 Title

    Go to Blogger edit html and replace these slide 1 description with your own words. ...

  • ADVERTISING